Rabu, 04 Januari 2017

*Weling Pituturing Pinisepuh* kangge miwiti warsa enggal....



Nggèr anakku...
Sawangen kaé dagelan jagat...
Sing lagi rebutan ndonya lan pangkat
Rumangsané wis paling kuat kinurmat..
Nganti lali yèn ndonya iki bakalé kiamat..

Nggèr anakku..
Sawangen kaé dagelan jagat
Padha lali ngrumat wasiat
Gaman aji kanggo ndonya akhirat

Nggèr anakku...
Sing kok sawang kaé ojo ditiru
Rungokno lan élinga marang pesenku
Kanggo gondèlan laku uripmu

Nggèr anakku...
Ayu-bagusmu dudu saka wedak pupur kang gampang luntur...
Ning soko resiké atimu kang ngugemi pitutur luhur..
Sugihmu dudu emas picis raja brana sing gampang sirna..
Ananging jembaring atimu sing koyo segara..
Kang biso nampa pesthining Gusti Allah kang Maha Kuwoso.

Nggèr.. anakku,
Eling di eling²
Ojo nganti teteging imanmu nggoling
Sekarat pati bakal banget larané
Yèn rikala jaman uripé
Akeh dosané, lali marang tobaté
Pramula ayo pada éling selawasé
Dimèn pada becik nganti ing wekasané

Wilujeng enjing sederek, wilujeng warso enggal masehi 2017 sederek2 Sedaya
Sumonggo kito sami reresik manah kito
kadamel ngawiti warso enggal kanthi manah ingkang tentrem ayem nir ing sambikolo
Gusti Allah mberkahi kito sedoyo, mugi ing warso puniko kt tansah pinaringan rahayu wilujeng soho berkah ingkang kathah,    amin x3  YRA..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Entri yang Diunggulkan

Generasi Rawan Lupa, Servis dalam Rumah Tangga

10 Hal Romantis Rasulullah yang Ditinggalkan Generasi  Now Rumah tangga Rasulullah SAW luar biasa. Rasulullah SAW dan istri-istriny...